Contoh Cerita Cekak Bahasa Jawa
contoh cerita cekak bahasa jawa
1. contoh cerita cekak bahasa jawa
Jawaban:
CERITA CEKAK
Berikut ini beberapa cerita cekak atau cerita pendek dalam bahasa Jawa:
Bonsai
Botol Plastik
Ora Kagodha
Sepure Wis Mangkat
Tambane Kebuntel Jarit
Tiba Kanteb
Tresna Iku Wuta
Tus Sama Mellmilih Dalan Anyar
Wong Lanang Piye…?
2. contoh cerita cekak bahasa jawa bertema gugur gunung
Gugur Gunung
Gugur gunung ateges nyambut gawe bebarengan.
Dene tujuane supaya wong sakkampung nyambut gawe cepet rampung.
Gotong royong bisa wujudake kerukunan.
Guyup rukun tanpa mbedakake marang wong siji lan sijine.
3. berikan contoh cerita cekak tema bale wisma dalam bahasa jawa ?
titi wanti
kancil lan baya
4. carilah contoh cerita cekak basa jawa!
malin kundang, rawa pening, danau toba
5. ^'buatlah cerkak(cerita cekak) bahasa jawa dengan tema pendidikan!
CONTOH CERKAK TENTANG PENDIDIKAN
Dina iki dina sing nyenengna kanggo santi. saiki yaitu dina pisan pasa , kanggo santi, bulan pasa yaiku bulan sing palin istimewa . saben sawis buka pasa, santi lan kaca-kancane lunga menyang masjid kanggo sholat maghrib berjama'ah. nuli dekne kabeh dolanan neng njaba masjid nunggu kanggo sholat isya dan sholat tarawih.
"Bunda aku arep lunga menyang masjid dhisik ya, padha kanca-kanca" , tembung santi njaluk izin nang bundanya, "iya oleh, ati ati ya, neng dalan. eling aja dolan petasan yo, kembang geni boleh wae, "jawab emboke.
6. Buatlah cerita cekak bahasa jawa beserta unsur intristiknya!
unsur instriknya adalah 5W1H
Maling Sandal Sing Bingung
Ning sawijining dina Jum’at tepate ning dhusun kali asat, ana salah siji wong sing terkenal banget dadi Maling. Wong mau jenege Paidin, paidin terkenal sering nyolong nang desane. Nanging nyolonge udu barang sing mewah kaya TV, Pit Motor utawa lia-liane nanging nyolonge sandal jepite warga dhusun kali garing utawa dhusun nang jejere dhusun kali asat.
Pas kue paidin arep beraksi maning dinane pas dina Jum’at pas warga lagi pada sholat jum’at, dasar paidin batire pada sholat jum’atan deweke malah sibuk milihi sandal.
“Allahu akbar, Allahu akbar” tandane wis komat lan jemaah pada menyat arep sholat jum’at, pas lagi pada sholat, paidin teka njur milih sendal sing apik. Mbuh nggo ngapa si paidin nyolong sandal, Nah pas dina kue ana Sandal sekang kayu apik tenan sandal kue ana trotol-trotole utawane sendal rematik. Jarene tanggane paidin, nek nganggo sandal rematik penyakit rematike bisa ilang. Nah pas kemutan kue, paidin pengin gawa sendal kue sebab awake sering rematikan, tapi pas arep jikot sandal kue ana sandal sing lewih apik lan lewih modern. Kayane iki sendale bocah enom, paidin banjur jikot terus diemek, rasane alus lan kepenak. Nanging paidin kue maling sing konsisten dadine kudu milih salah siji sandal mau.
Paidin bingung merga loro – lorone apik kabeh, pas lagi bingung paidin ra nyadar nek jamaah masjid wis pada bubar. Pas paidin arep jikot salah siji sandal jamaah sing duwe sandal kue teka “Ehhmm” Paidin kaget terus mlayu ora ulih apa – apa merga ketungkul bingung.
7. Berikan contoh rinkasan cerita cekak bahasa jawa dan unsur intrinsiknya
Cerita Cekak Bahasa Jawa: Kancil lan Pitik Walik sing rumongso kudu lucuMbak Dewi, juragan Bakso Bangjo nduwe Pitik Walik sing seneng ngomong lucu-lucu karo kancane. Menawa ketemu pitik-pitik liyane, Pitik Walik mesthi usaha gawe cerita lucu-lucu nganthek kancane pada ngguyu kemekelen. Dheweke kadang-kadang ngarang cerita pengalaman aneh-aneh sing durung tau dialami dening pithik liyane. Kayata lelungan numpak manuk wulung terus teturon ning mega, lan mangan woh-wohan sing tukul ning nduwur mega. Kadang-kadang Pitik Walik gawe tingkah laku lucu kaya badut yen lagi kentekan bahan lelucon. Pitik-pitik liyane pada seneng menawa kumpul karo Pitik Walik. Dheweke mesthi pada ditanggap supaya ngomong sing aing-aing.
Sawijining ndino Pitik Walik luga adoh, terus ndelik ning guwo Slarong karo nangis nggero-nggero ngantek krungu dening Kancil sing lagi neliti wit-witan sing iso urip ning njero guwo. duniashinichi.blogspot.com
"Kowe ki ngapa tho kok nangis Pitik Walik" pitakone Kancil
"Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane"
"Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!" jawabe Kancil
"Aku capek kancil. Aku kesel banget pendak ndino kudu ngarang cerita sing aneh-aneh ben pada gelem cedhak karo aku. Kanca-kancaku mesthi dho ora gelem srawung karo aku sing wulune aneh menawa aku ora iso gawe ngguyu"
"Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem ngrungokkake ceritane liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan" celathune Kancil
"Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-kancaku?"
"Laiyo rasah no! Mbak Dewi juraganmu iku malah sok makani aku, arepo dudu ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso nduwe kanca akeh kok!. Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru" nasehate Kancil
"Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan ditinggal karo kanca-kancaku"
"Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing normal wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo kowe" ujare Kancil
"Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae. Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen kancaku sing paling wicaksono" celathune Pithik Walik kanthi rupa sumringah.
Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa awake nglucu terus pnedhak dino. Awale pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik Walik seneng ngrungokke omongane pithik liyane (undil -2014).
8. Pengertian cerita cekak dalam bahasa jawa
Cerita cekak iku padha karo cerpen. Yaiku cerita kang enthek di waca sekali duduk. Utawa ceritane iku ora dawa2
9. mencari cerita cekak dalam bahasa jawa ngoko
SANDAL ANYAR Ing pasar adhine Eka ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhine emang wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhine Eka jenenge Rina,sing umure 5 taun. Eka sayang banget karo adhine, merga iku adhine siji-sijine. Eka saking keluarga sing ora mampu, bapake mung kerja dadi buruh bangunan lan ibune dadi tukang ngumbai ing desane. “Mba tukokake sandal sing werna pink iku loh, ketone apik temen,” njaluke Rina sing arep nangis. “Mba ora duwe duwit,Rin. Kiye duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Eka sing melas karo adhine. Senajan ora ditukokke Rina tetep meneng nerima. Bocah cilik kuwe wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maning tuku sandal. Sewise saking pasar lan tuku sayuran Eka bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga Eka bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam lan atepe wis pada rapuh dipangan rayap, nanging ngarep omahe akeh wit kembang sing pada mekar. Senajan Eka saking keluarga sing ora mampu, nanging bapake pingin Eka dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga Eka termasuk siswa sing pinter ing sekolahane. Wengine pas Eka arep sinau lan bapake sing nembe bali kerja mereki Eka. “Ka, kowe harus dadi wong sing berguna lan ngelebihi bapak sing mung dadi buruh bangunan,” ngendikane bapake Eka. “Nggih pak,kula ajeng usaha,” Esuk-esuk sing atis banget Eka wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Eka nguja mangkat esuk merga Eka arep melu lomba Cerdas Cermat sing dianakake SMA. Sewise siap Eka pamitan karo wong tuwane. “Pak, Bu, kula badhe manggat rumiyin. Moga-moga kula saged dados juara lomba lan saget mundut sandal kangge Rina,” pamitane Eka karo jabattangan wong tuwane. “Ya, Amin. Ati-ati ya Ka,” ngendikane bapake. “Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditukokke sandal anyar. Tibaning sekolahan Eka deg-degan amargi sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul werna-werni, tembok sekolah wis dicet werna orange sing apik. Ing lomba Eka bisa njawab soal sing diwacakake dewan juri nganti bener. Kiye wektune pengumuman juara ,ternyata sing oleh juara 1 kuwe Eka. Eka langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Eka bali menyang omah karo sumringah gole ngonthel sepedane. “Assalamualaikum. Bu,pak.” “Wa’alaikum salam, ana apa Ka?”pitakone ibune Eka. “Bu, kula nrima juara 1 lan Rina bakal duwe sandal anyar.” “Alhamdulilah,Ka. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang maring kowe.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga. Sore-sore,sewise ganti klambi Eka ngajak Rina adhine menyang pasar tuku sandal anyar. “Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone Eka maring adhine. “Sing werna pink mba!” Langsung bae Eka tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine Eka lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek. “Matur nuwun ya mba.” Atine Eka tambah bungah.
10. bahasa jawa contoh pawarto cekak
contoh pawarto cekak ( berita pendek)
contoh : enjang puniko suasanane kampung Rambutan cerah ( pagi ini suasana di kampung rambutan cerah)
11. Contoh cerita cekak menggunakan bahasa rinengga
bawang merah bawang putih
12. pengertian cekak dalam bahasa jawa
Jawaban:
cekak artinya pendek atau tidak panjang panjang
Jawaban:
Cerita Cekak (cerkak) adalah suatu bentuk karangan berbentuk prosa naratif fiktif dan menggunakan bahasa Jawa dalam penulisannya.
13. mencari cerita bahasa jawa dipadosi unsur struktur e (crita cekak)
Jawaban:
Memet
Penjelasan:
sorry kalau salah Gw dingin tefuu
14. bahasa jawa kls 10 Tugas : dikumpulkan -> membuat sinopsis dari cerita cekak (bisa browsing, atau cerita testing basa jawa ing maleri)Tolong jawab.....
------Mugi² migunani------
15. cerita cekak nganggo aksara bahasa jawa
Jawaban:
cerito cekako nganggoe wae
Posting Komentar untuk "Contoh Cerita Cekak Bahasa Jawa"